Asmaradhana 388 (Serat Centhini)

Asmaradhana 388 (Serat Centhini)Kill the DJ feat Soimah Pancawati

Ditulis dan diaransemen oleh Kill the DJ
Masuk dalam album kompilasi Poetry Battle 1 Produksi Jogja Hip Hop Foundation (2007)

Download via mediafire Asmaradhan 388

ASMARADHANA 388

HOOK:
Allah Alip Mutaka alim Wakid
Rasul aksara elam jaedi
Muhamad he hu akat-e
Iku sampumeng ing urip
Sanyatane ngelmu sejati
Jati-jatining Allah ya rabi
Jati kakung Jati wanodya
Iya apan Rasul Mohamad

Allah iku siji
kang amengkoni
ora ana lawan
Sadurunge sauwise sepala segala gung
Purba wisesa siji
Anaoran siji
Durung lawan sampun sepala lawan segala
Yeku yayi sijining isbat lan napi

Nir karoning jenenging jalwestri
Ilang araning isbat lan napi
Miwah lan sepapadhane
Roroning tunggal iku

Apan tunggal dadi sawiji
wiji siji mencar ing tuwuh
Kang kagepok kang katingal
Saking pumaning ro maring ji
Siji siji Gustiallah tangala

HOOK

Apan ora durung
nora nora sepa
hya uga
nora segala

Tan ana tan ora reke tan suwung datan wujud
Liring roning asiji asiji siji belaka
tan kurang tan wuwuh roroning isbat lan napi
Roning Rasul Roroning priya lan estri

Sejatining lanang apan estri
Sejatining estri apan lanang
Karana mengkono lire
Estri ing jroning kakung
Mohamad rasulallah kang tumrap ing sebut Rasul
Ing Mohamad Ing Rasul
Rasul ya Mohamad ya
Lanang estri sawiji asih kang suci

HOOK

22 thoughts on “Asmaradhana 388 (Serat Centhini)”

  1. nderek nyuwun langkung
    sederek estri soho kakung
    kawulo rumaos ngaku tiyang jawi
    ananging mboten waged mangertosi
    artos sejatinipun lirik meniko
    nderek dipun artosaken kagem kawulo

  2. Manteb kangmas n mbakyu, jare grup iq wiz ng luar negeri ta….?sbg duta budaya masyarakat jawa jg syiar islamnya tah acungi jempol papat…..aq sithik2 ngerti artine… pokoke tentang memuji kuasaning ALLAH lan Rosul-e

  3. Saya sangat suka lagu ini..

    Bisa sekalian diartikan ke Bahasa Indonesia? biar yang tidak bisa bahasa jawa juga mengerti.

  4. damn!!!! how could “kill the DJ” transfer this “ilmu tuwa” become a simple hip hop music. Javanese language has “something” in sound, sense, feel – thus whenever transferred another language could be some reduction in meaning instead, even un-predict. by the way this song remind me – fetus.

Leave a reply to Ziru Cancel reply